Ajining
Pribadi
Ajining
dhiri gumantung kedaling lathi, ajining sarira mapan ana ing busana. Ngono iku
unen-unen Jawa supaya wong Jawa ngati-ati anggone padha muna-muni lan
ngetrepake busana utawa pakean, Kalodhangan iki ayo padha ngrembug teks kang
ndheskripsekake babagan busana Jawa. Busana kejawen kang genep mungguhe wong
lanang dumadi saka wolung werna. Wolung werna iku urut saka dhuwur: blangkon,
beskap, keris, cindhe, tagen, epek, timang, jarik, lan selop.
A. Maca
lan nemokakeisine teks dheskripsi babagan busana Jawa
Kaya
kang wis tau dirembug, kang sinebut teks dheskripsi iku teks kang digunakake
kanggo njlentrehake samubarang kanthi nerangake katrangan kang katon. Ing
kalodhangan iki, samubarang kang dikarepake wujude busana adat Jawa. Teks
dheskripsi babagan busana Jawa iki bisa njlentrehake apa, sapa, piye, kapan,
lan sapanunggale.
Supaya
bisa menehi panemu tumrap kang kowaca, sajrone maca teks dheskripsi para siswa
kudu nemokake apa isine kang baku saka wacan. Kajaba iku uga kudu bisa nitik
lan mbedakake tembung- tembung kang digunakake, tembung-tembunge ngoko apa
krama.
B. Nanggapi
pokok-pokok isine teks dheskripsi babagan busana Jawa
Lumantar
maca teks dheskripsi ngenani busana Jawa para siswa bisa nemokake tuntunan
luhur yen sejatine nyandhang nganggo iku ora sakepenake dhewe. Akeh piwulang
kang maune durung kongreteni saiki dadi ngreti. Coba saiki temokna pokok isine
teks dheskripsi ing ngisor iki!
Busana Adat Jawa
Busana
kejawen mungguhe wong lanang iku dumadi saka wolung werna, yaiku: blangkon
utawa dhestar, beskap utawa atela, sabuk utawa setagen, keris, cindhe utawa
sindur, epek, timang, jarik utawa nyamping, lan selop.
Blangkon
lan keris iku siji lan sijine ana perangane dhewe-dhewe. Perangan blangkon ana
pitung werna, yaiku mathak, kemodho, wiron, cungkeng, mondholan, ubet utawa
kupon, lan kuncung. Dene keris kang uga diarani dhuwung utawa wangkingan utawa
curiga dumadi saka pitung perangan uga. Pitung perangane keris iku jenenge
ukiran, mendhak, rangka, godhong, wilah/katga/parung, pendhok, lan ganja.
C. Nulis
teks dheskripsi babagan busana Jawa kanthi ragam basa kontekstual
Ing
ngarep wis diterangake menawa teks dheskripsi iku digunakake kanggo
njlentrehake samubarang kanthi nerangake ciri-ciri kang katon. Titikane teks
dheskripsi yaiku tatanane (strukture) ana katrangan bab kang didheskripsekake
lan perangan kang didheskripsekake, tuladhane kaya ing ngisor iki.
Bab kang didheskripsekake
Busana
kejawen mungguhe wong lanang iku dumadi saka wolung werna, yaiku: blangkon
utawa dhestar, beskap utawa atela, sabuk utawa setagen, keris, cindhe utawa
sindur, epek, timang, jarik utawa nyamping, lan Bab kang didheskripsekake
selop.
Perangan kang didheskripsekake
Blangkon
lan keris iku siji lan sijine ana perangane dhewe-dhewe. Perangan blangkon ana
pitung werna, yaiku mathak, kemodho, wiron, cungkeng mondholan, ubet utawa
kupon, lan kuncung. Dene keris kang uga diarani dhuwung utawa wangkingan utawa
curiga dumadi saka pitung perangan Perangan kang didheskipsekake uga. Pitung
perangane keris Iku jenenge ukiran, mendhak, rangka, godhong, willah/katga/parung,
pendhok, lan ganja.
D. Maca
teks dheskripsi babagan busana Jawa kanthi nyuwara
Maca
kanthi nyuwara iku maca kang ditujokake marang wong liya. Amarga ditujokake
marang wong liya kang ngrungokake, mula sapa wae kang maca kudu bisa maca kanthi:
swara kang cukup, kedal kang cetha, lan unjal napas kang pener. Manawa anggone
maca adu arep karo kang ngrungokake (kayata ing televisi), kajaba perkara telu
mau katambah pamulad kang nyumadulur (komunikatif).
Swara
kang cukup tegese kang ngrungokake bisa krungu kanthi cetha lan kepenak, ora
keseron ya ora kelirihen. Kang dikarepake kedal kang cetha iku swarane tembung
siji lan sijine kudu cetha bedane. Swarane /d/, /dh/, /t, /th/, /al, lo/, /u/,
lan liya-liyane kudu cetha. Unjal napas iku yen ing basa Indonesia diarani
tempo lan penjedaan. Tempo iku gegayutan karo alon-rindhike anggone maca, dene
penjedaan iku gegayutan karo titik utawa komane anggone maca.
Sumber: Gegaran Nyinau Basa Jawa 3 Kelas XII SMA/SMK/MA