Njaga
Tentreming Urip Bebrayan
Tembung
novel asale saka basa Italia novella kang tegese sawijine crita utawa pawarta
sapala/ sacuwil. Dadi, novel iku sawijine crita rekan (fiksi) kang rada
landhung. Menawa dibandhingake karo crita cekak, novel iki luwih dawa lan luwih
genep isine.
A. Maca lan
nanggapi isine teks crita cekak lan niteni perangan-perangane
Kaya crita rekan liyane, crita
ing novel iku sumbere bisa saka kanyatan trus dibumboni, bisa uga murni saka
kayalan utawa rekane pangripta/pengarange wae. Sanajan mangkono,
perangan-perangan kang mbangun wutuhe novel biasane padha. Perangan-perangan
kang mbangun wutuhe crita iku diarani unsur intrinsik, kang nyakup underane
prekara (tema), paraga (tokoh) lan watake paraga (penokohan), lakune crita
(alur/ plot), kepiye pangripta anggone nyritakake (point of view), kapan lan
papan kedadeane crita kasebut (setting), lan wulangan utawa tuntunan kang
ditujokake marang pamaca (amanat). Jlentrehe, tema iku underane prekara kang
dirembug kang dadi sumbere konflik. Tokoh lan penokohan iku gegayutan karo sapa
wae kang dicritakake ing cerkak iku genep karo watake. Kayata: sabar,
wicaksana, galak, judhes, lan sapanunggale. Plot iku gegayutan karo kepiye
lakune crita: alure lumrah/normal/maju utawa alur mundur (inversi). Point of
view utawa sudut pandang iku kalungguhane pangripta sajrone crita. Pengarange
dadi paraga utama ('aku' ing crita) apa dadi paraga kang mung nyritakake
('dheweke' ing crita). Setting gegayutan karo papan lan wektune, crita iku
kedadeane ana ngendi lan kapan kelakone. Dene amanat iku magepokan karo
wulangan/tuladha/tuntunan kang dikandhut utawa diemot ing crita iku.
B. Nemokake tuntunan kang ana
jroning teks novel lan njumbuhake karo kahanane bebrayan
Amanat iku wujude gagasan utawa gagasane
pangripta/pangarang kang diajap bisa ditemokake dening para kang maca.
Amanat-amanat iku biasane gegayutan karo niyat utawa pitutur becik, upamane bab
katresnan kalebu tresna marang sasamane, tresna bangsa, tresna budaya, lan
sapanunggale. Saliyane iku amanat uga ana kang gegayutan karo pangibadah utawa
ketuhanan (religius), setya marang negara (patriotisme), pendhidhikan,
kabudayan, lan sapanunggale.
C. Nulis sinopsis novel
nggunakake ragam basa kang jumbuh/cocog karo konteks lan pranatan/ aturan
Sinopsis iku ringkesan isine crita, kalebu
novel. Urutan lan basane sinopsis ora kudu padha karo urutan lan basa ing novel
sumbere. Bakune, nalika nulis sinopsis paraga, watak, wose (inti) crita ora
kena beda karo sumbere, yaiku crita kang digawe sinopsis. Nadyan mengkono,
urutan anggone nulis sinopsis ora kudu padha karo urutan ing crita iku. Cekake
rembug, sinopsis iku padha karo nyritakake maneh nganggo basamu dhewe.
D. Naliti sinopsis novel
gegayutan karo jumbuhe karo konteks lan pranatan
Naliti
sinopsis ing kene mengku karep, kanca padha kanca (sameja upamane) padha
bebarengan bijen-bijenan (saling menilai) sinopsis garapane. Kegiyatan kaya
ngene iki umume diarani njlimeti utawa menyunting. Ing kegiyatan njlimeti iki
kang dijlimeti/disunting bisa aksarane, runtute ukara, utawa tandha wacane.
Prekara telu iku mau upama ana kang kleru ya dibenerake, perangan kang kurang
ditambahi, lan perangan kang keladuk ya kudu disuda. Isine crita ora prelu
dibenerake, amarga iku hake panganggit/pengarang kang sipate merdika (bebas). Kamardikan
sajrone ngudhal gagasan iku, ing jagade kasusastran diarani lisensia poetika.
Sumber:
Gegaran Basa Jawa 2 Kelas XI SMA/SMK/MA
Mantapp mantapp bermanfaat kak
BalasHapusMantapp mantapp bermanfaat kak
BalasHapusSip
BalasHapusSangat membantu
BalasHapus👌
BalasHapussipp
BalasHapusMantap
BalasHapusMantulllll
BalasHapusYoii kak bermafaat
BalasHapusBaguss
BalasHapusMantap
BalasHapus👌
BalasHapusMantap 👍👍
BalasHapus