Jumat, 17 Januari 2020

Ajining Pribadi


Ajining Pribadi
Ajining dhiri gumantung kedaling lathi, ajining sarira mapan ana ing busana. Ngono iku unen-unen Jawa supaya wong Jawa ngati-ati anggone padha muna-muni lan ngetrepake busana utawa pakean, Kalodhangan iki ayo padha ngrembug teks kang ndheskripsekake babagan busana Jawa. Busana kejawen kang genep mungguhe wong lanang dumadi saka wolung werna. Wolung werna iku urut saka dhuwur: blangkon, beskap, keris, cindhe, tagen, epek, timang, jarik, lan selop. 

A.     Maca lan nemokakeisine teks dheskripsi babagan busana Jawa
Kaya kang wis tau dirembug, kang sinebut teks dheskripsi iku teks kang digunakake kanggo njlentrehake samubarang kanthi nerangake katrangan kang katon. Ing kalodhangan iki, samubarang kang dikarepake wujude busana adat Jawa. Teks dheskripsi babagan busana Jawa iki bisa njlentrehake apa, sapa, piye, kapan, lan sapanunggale.
Supaya bisa menehi panemu tumrap kang kowaca, sajrone maca teks dheskripsi para siswa kudu nemokake apa isine kang baku saka wacan. Kajaba iku uga kudu bisa nitik lan mbedakake tembung- tembung kang digunakake, tembung-tembunge ngoko apa krama.

B.     Nanggapi pokok-pokok isine teks dheskripsi babagan busana Jawa
Lumantar maca teks dheskripsi ngenani busana Jawa para siswa bisa nemokake tuntunan luhur yen sejatine nyandhang nganggo iku ora sakepenake dhewe. Akeh piwulang kang maune durung kongreteni saiki dadi ngreti. Coba saiki temokna pokok isine teks dheskripsi ing ngisor iki! 

Busana Adat Jawa
Busana kejawen mungguhe wong lanang iku dumadi saka wolung werna, yaiku: blangkon utawa dhestar, beskap utawa atela, sabuk utawa setagen, keris, cindhe utawa sindur, epek, timang, jarik utawa nyamping, lan selop.
Blangkon lan keris iku siji lan sijine ana perangane dhewe-dhewe. Perangan blangkon ana pitung werna, yaiku mathak, kemodho, wiron, cungkeng, mondholan, ubet utawa kupon, lan kuncung. Dene keris kang uga diarani dhuwung utawa wangkingan utawa curiga dumadi saka pitung perangan uga. Pitung perangane keris iku jenenge ukiran, mendhak, rangka, godhong, wilah/katga/parung, pendhok, lan ganja.
C.     Nulis teks dheskripsi babagan busana Jawa kanthi ragam basa kontekstual
Ing ngarep wis diterangake menawa teks dheskripsi iku digunakake kanggo njlentrehake samubarang kanthi nerangake ciri-ciri kang katon. Titikane teks dheskripsi yaiku tatanane (strukture) ana katrangan bab kang didheskripsekake lan perangan kang didheskripsekake, tuladhane kaya ing ngisor iki.

Bab kang didheskripsekake
Busana kejawen mungguhe wong lanang iku dumadi saka wolung werna, yaiku: blangkon utawa dhestar, beskap utawa atela, sabuk utawa setagen, keris, cindhe utawa sindur, epek, timang, jarik utawa nyamping, lan Bab kang didheskripsekake selop.
Perangan kang didheskripsekake
Blangkon lan keris iku siji lan sijine ana perangane dhewe-dhewe. Perangan blangkon ana pitung werna, yaiku mathak, kemodho, wiron, cungkeng mondholan, ubet utawa kupon, lan kuncung. Dene keris kang uga diarani dhuwung utawa wangkingan utawa curiga dumadi saka pitung perangan Perangan kang didheskipsekake uga. Pitung perangane keris Iku jenenge ukiran, mendhak, rangka, godhong, willah/katga/parung, pendhok, lan ganja.

D.     Maca teks dheskripsi babagan busana Jawa kanthi nyuwara
Maca kanthi nyuwara iku maca kang ditujokake marang wong liya. Amarga ditujokake marang wong liya kang ngrungokake, mula sapa wae kang maca kudu bisa maca kanthi: swara kang cukup, kedal kang cetha, lan unjal napas kang pener. Manawa anggone maca adu arep karo kang ngrungokake (kayata ing televisi), kajaba perkara telu mau katambah pamulad kang nyumadulur (komunikatif).
Swara kang cukup tegese kang ngrungokake bisa krungu kanthi cetha lan kepenak, ora keseron ya ora kelirihen. Kang dikarepake kedal kang cetha iku swarane tembung siji lan sijine kudu cetha bedane. Swarane /d/, /dh/, /t, /th/, /al, lo/, /u/, lan liya-liyane kudu cetha. Unjal napas iku yen ing basa Indonesia diarani tempo lan penjedaan. Tempo iku gegayutan karo alon-rindhike anggone maca, dene penjedaan iku gegayutan karo titik utawa komane anggone maca.


Sumber: Gegaran Nyinau Basa Jawa 3 Kelas XII SMA/SMK/MA

16 komentar: