Jumat, 17 Januari 2020

PRANATACARA


PRANATACARA
            MC utawa Master of Ceremony mengkono istilah sing misuwur tumraping pranatacara. Pranatacara kajibah nglantarake titilaksana upacara pasamuan, temanten, lan sapanunggalane. Basa sing dienggo pranatacara gumantung karo upacarane. Pranatacara, yaiku paraga kang nduweni jejibahan nglantarake titilaksana ing acara.

A. Maca lan Nanggapi Teks Pranatacara
Gatekna pethilan teks pranatacara ngisor iki!
Assalamualaikum Wr.Wb.
Dhumateng panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman ingkang pantes pinundhi.
Para pangemban pangembating praja satriyaning negari minangka pandam pandoming kawula dasih ingkang sinuba ing pakurmatan.
Caos uninga katur dhumateng para lenggah, bilih titi laksana ijab qobul putra pinanganten, nun inggih Rara Ayu Fitri Kusuma putra putrinipun Bapa Joko Susena ingkang kadhaupaken kaliyan Bagus Ganes Sri Narendra putra kakungipun Bapa Agus Dahlan ingkang lenggah wonten Sekayu Semarang, sampun kaleksanan kanthi wilujeng nir ing rubeda duk nalika dinten Selasa, 29 Maret 2016 wanci tabuh 09.00 mapan ing Sekayu.
Paratamu kakung sumawana putri, wondene menggah reroncening tata adicara ingkang sampun rinancang rinacik rinumpaka dening para kulawangsa nun inggih:
1. binuka kanthi sowaning putra temanten sarimbit saking sasana busana;
2. purnaning tata upacara sowanipun pinanganten;
3. atur pambagya yuwana saking hamengku karsa;
4. ndungkap titi laksana tataran angka sekawan, lir gumanti pasrah saha panampining putra temanten;
5. adicara ingkang angka gangsal sabdatama;
6. wondene pratandha purnaning pahargyan saking kulawarga minangka paran para. Para rawuh saha para lenggah, jumbuh kaliyan urut reroncening tata upacara ang ugi karana sampun paripurna risang pinanganten sarimbit anggenya hangadi salira mulas wadana. Jengkaripun temanten sarimbit saking sasana busana .

B. Nemokake Isi Pokok Teks Pranatacara.
Isi teks pranatacara ing ndhuwur, yaiku:
1. teks pranatacara kasebut ngandharake titi laksana ijab qabul;
2. acara binuka kanthi sowane temanten sarimbit, waosan Kalamullah, atur pambagya hamengku karsa, pasrah, sabdatama, lan paran para.

C. Mbedhah Kaidah Pranatacara
Urut-urutane teks pranatacara:
1. salam pambuka;
2. atur pamuji;
3. atur kasugengan, kairing atur panuwun;
4. wedharing gati;
5. atur nyuwun pangapura;
6. panutup;
7. salam panutup.

D. Maca Teks Pranatacara
Supaya anggone maca teks pranataca gampang dimangerteni, kudu nggatekake babagan ngisor iki,
1. Pangucapane kang trep
2. Pamedhote ukara kang trep
3. Intonasi, nada, lan tekanan kang trep
4. Mangerteni tandha wacan kanthi trep
5. Swara kang cetha
6. Ngatur alon lan cepete pamaca
7. Ngolah treping mlebu wetuning napas
8. Mahami wacan
9. Pracaya marang dhiri pribadi

E. Kawruh Kagunan Basa
 Tembung Yogyaswara
            Tembung yogyaswara, yaiku rong tembung kang tulisan apadene pakecapane meh padha, dianggo bebarengan, lan nduweni teges lanang-wadon.
Contone:
kedhana = kedhini, bathara = bathari, hapsara = hapsari 

F. Tembung Entar
Entar tegese silihan, yaiku tembung kang nduweni teges ora salugune. Tembung entar nduweni isi kang geseh karo tetembungane (gadhah teges kiyas).
Contone:
kethul pikire = bodho, gedhe endhase = gumedhe

G. Rura Basa
Rura asale saka tembung rurah kang tegese rusak utawa bubrah. Rura basa iku basa kang rusak utawa bubrah, amarga ora ketemu nalar. Rura basa iku basa kang salah, ning wiskabacut lumrah.
Contone:
godhog wedang, nguleg sambel 

H. Panyandra
Panyandra asale saka tembung candra, kang duwe teges wetunan kaanan wewujudan sarana pepindhan. Kang diutamakake ing panyandra iku gegambaraning kaendahan kang kawengku ing samubarang kang dicandra. Panyandra menggah kabergasaning badan.
Contone:
drijine mucuk eri, alise nanggal sapisan, rambute ngombak banyu

I. Pepindhan
Pepindhan iku tetembungan kang ngemu isi irib-iriban utawa emper-emperan. Padha karo kekarepan karo kaya, kadi, kadya, lir, pendah.
Contone:
suwarane kaya bledheg, rukune kaya mimi lan mintuna lakune, kaya macan luwe


Sumber: Gegaran Basa Jawa 1 Kelas X SMA/SMK/MA

10 komentar: