Jumat, 17 Januari 2020

Srawung Karo Sasama

Srawung Karo Sesama
               Serat Wedhatama iku anggitane Kangjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (KGPAA) Mangkunegara IV. Tembung 'serat' tegese tulisan/karya, 'wedha' tegese wulangan/tuntunan, dene 'tama' duwe teges utama/ kautaman. Dadi, wose serat Wedhatama iku wulangan luhur kanggo mbangun budi pekertine sapa wae kang maca. Serat Wedhatama dianggit wujud tembang macapat pupuh Pangkur, Sinom, Pocung, Gambuh, lan Kinanthi.

A.     Maca lan nanggepi teks serat Wedhatama pupuh pangkur lan nitik guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan

PANGKUR
Mingkar-mingkuri angkara,
Akarana karena mardi siwi,
Sinawung resmining kidung,
Sinuba sinukarta,
Mrih kratarta pakarting ilmu luhung,
Kang tumrap ing tanah jawa,
Agama angeming aji

B.     Nemokake tuntunan ing serat Wedhatama pupur Pangkur lan njumbuhake karo kahanane bebrayan

*Pupuh Pangkur ing serat Wedhatama ngemot tembang cacahe 14 pada (bait). Sapada tembang Pangkur kiwa iki kawiwitan saka tembung 'mingkar' tekan tembung 'aji'.
*Guru gatra, yaiku wewaton cacahe larik saben sapada. Guru gatrane saben papada tembang Pangkur ana 7.
*Guru lagu, yaiku wewaton dhong-dhinge swara utawa sukon- wulone swara saben pungkasane gatra. Guru lagune tambang Pangkur, yaiku a, i, u, a, u, a, i.
*Guru wilangan, yaiku wewaton cacahe wanda (suku kata) saben sagatra (larik). Dadi, guru wilangane tembang Pangkur, yaiku 8, 11, 8, 7, 12, 8, 8.
*Supaya gampang dieling-eling, guru wilangan lan guru lagune tembang Pangkur, biasane ditulis: 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i

C.     Mbedah perangane serat Wedhatama pupuh Pangkur
Kaya kang diandharake ing ndhuwur, tembang Pangkur iku dibangun saka larikan-larikan kang diarani guru gatra cacahe pitung gatra. Gatra sepisan, gatra kapindho, lan sapiturute kabeh ana aturane. Yen ora cocog karo salah siji wae saka aturan iku, tegese dudu tembang Pangkur.

D.     Nulis cakepan tembang Pangkur
Nulis tembang macapat, klebu tembang Pangkur iku kudu manut aturan kang gumathok. Aturan kang gumathok iku kaya kang disebutake ing ndhuwur, yaiku guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan. Supaya bisa nulis cakepan tembang macapat (Pangkur), wiwitana kanthi gawe ukara bebas! Ukara bebas mau banjur dicocogake guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune. Carane nyocogake bisa kanthi ngowahi tembung-tembunge utawa ngowahe papane tembung. Cara-cara iku kayata: purwakanthi swara, purwakanthi sastra, yogyaswara, baliswara, dasanama, tembung saroja, lan sapanunggale


Sumber: Gegaran Nyinau Basa Jawa 1 Kelas X SMA/SMK/MA

15 komentar: