TONTONAN BUDAYA
JAWA
Tontonan wayang kang padatan
sinebut pagelaran, mujudaken kombinasi harmonis saking maneka unsur kesenian.
Unsur kasebut ing antarane unsur barang lan manungsa. Kang kalebu unsur barang
yaiku ubarampe sarta sarana kang digunakake ing pagelaran wayang kulit (wayang
kang kagawe saka kulit lembu, kelir, debog, seperangkat gamelan, keprak,
kepyak, kotak wayang, cempala, lan blencong). Dene unsur manungsa yaiku
pawongan kang nyengkuyung gumelare seni pagelaran wayang kulit (dalang,
penyimping, niyaga, waranggana). Pagelaran seni budaya kang ana ing Jawa ora
mung wayang kulit. Ana uga wayang wong, kethoprak, ludruk, jaranan, lan tayub.
Senajan jaman saya maju lan pertunjukan seni modern sansaya akeh, ananging
pagelaran-pagelaran seni budaya Jawa kasebut isih ngrembaka tumekane saiki.
A. Ngrembug teks
eksposisi babagan tontonan
Eksposisi mujudake sawijining
teks kang medharake sawijining bab kanggo pamaos supaya pamaos oleh informasi
kang ganep sabanjure bisa ngrembakake pangertene sing maca. Bab kang
diandharake ing teks eksposisi bisa awujud:
1.
Dhata faktual, yaiku sawijining kahanan kang nyata ana, lan bisa dicritakake
kanthi cetha
2.
Sawijining analisis utawa penafsiran objektif sawijining fakta.
3.
Fakta ngenani pawongan kang gondhelan kenceng marang sawijining keyakinan.
Titikane teks
eksposisi yaiku:
1.
ngandharake panemu utawa gagasan,
2.
nuduhake kahanan sanyatane,
3.
nggunakake analisis lan sintesis,
4.
sumber ide bisa saka pengalaman, sikap, utawa keyakinan.
Strukture teks
eksposisi yaiku:
1.
tesis (pambuka) isine panemu saka panyerat ngenani prekara kang arep
diandharake,
2.
argumentasi (isi) andharan dikantheni bukti, alesan, saka panemu kang wis
diandharake ing
3.
panutup utawa penegasan ulang kang isine nguwatake maneh argumen adhedhasar
bukti kang wis diandharake ing perangan argumentasi. perangan tesis,
Wacanen teks
eksposisi ngenani tontonan ing ngisor iki kanthi permati!
Patrape
Dhalang Nalika Mayang
Mungguh ing bab patrape dhalang
yen pinuju mayang sabisa-bisa ngelingana marang kagunan kaendahan kang
adiluhung iku mau, Trapsila penyekele wayang kanthi ngati-ati, lan sing bisa
ngajeni marang seni panggaraping wayang. Aja banjur grusa- grusu mundhak
diarani ngremehake marang seni kabudayan kang dianggep adiluhung iku mau.
Dhalang iku kudu bisa ngajeni marang wayang, sebab sandhang pangane dhalang iku
anggone dolanan wayang, ditabuhi sewengi muput. Dadi menawa pangaraping wayang
sakepenake dhewe iku kurang prayoga. Nganti sok ana dhalang nyabetake wayang
nganggo diuncal-uncalake lan ana siang nganti dijengkelitake, ben diarani sabet
gagrak anyar.
Tatakramane dhalang ambedhol lan
nancebake wayang kudu nganggo tangan tengen. Tangan kiwa mung nglawani wae. Yen
tangan kiwa melu nancebake diarani deksura, lan yen tiba wayang gedhe adate sok
kurang jero panancebe. Wayange banjur isih liyad-liyud arep ambruk. Yen kejeron
iya kurang prayoga, rekasa pambedhole. Mula yen tangan tengen bisa anduga-duga
jero lan cetheking panancebing wayang. Manawa ngetokake wayang ana ing
pakeliran kudu bisa ngira-ira amba ciyute paseban, aja nganti katon ngebaki
papan mundhak ngruweti sesawangan. Sing bisa wijang cetha panatane,
siji-sijining rai praupane wayang supaya bisa katon. Dadi para tamu utawa
penonton bisa ngarani siji-sijining jenenge wayang.
Sajroning dhalang nindakake
mayang iku sabisa-bisane anyambia nata lan nyawisake wayang kang bakal metu
candhake. Dene cara panyambine sajroning janturan nyritákake ana sajroning
adegan wayang apa wae, iku bisa nyambi cepak-cepak wayang sih bakal dibutuhake
minangka dadi slamuran. Lan sinawang ing akeh bisa katon prigel pamayange. Yen
numpuk wayang aja malang megung mundhak nugelake gapit. Panyelehe wayang diarah
murih rata katon jumereng rapi, Panancebe wayang aja mepet kelir, becik diarah
megos sethithik, sing tumemplek ing kelir mung raine wayang tekan tlapak sikil
sing ngarep. Dadi yen kasorot ing urubing lampu blencong, bayangane bisa katon obah,
yen sinawang kadi mburi kelir katon kaya duwe nyawa, bisa obah-obah.
Manawa ndhodhok kothak aja nganti
kekerepen. Yen gawe ater-ater dhodhokan sing cetha, manut padha-padhaning
guneme wayang utawa yen nganti wayang sijine perlu nyaut kangan mangsuli
pitakon utawa rembug sing diucapake marang sino sakawit mau. Iku minangka dadi
singgetane padha. Wose kudu biy ngetrapake marang dhodhokan sing maton. Aja
nganti ngganggu marang guneme wayang.
Sajroning tumindak mayang aja
nolah-noleh yen ora ana perlu sing wigati, Aja nganti nganggo pacak gumaib lan
kuminter, mundhak diewani dening wong akeh. Kepara tumungkul sing menep atine.
Aja nganti lendhetan kothak. Kudu lungguh jejeg aja mbungkuk, yen nyuwara
mundhak ora bisa landhung napase. Yen nuju ngepyak lungguhe rada megos ngiwa
sethithik supaya rota pangepyake.
Manawa ndhapuk gendhing ing
pewayangan iku ya, kudu ngelingi marang kawujudaning wayang, wayang dugangan
apa alusan, bapangan, apa wayang dhagelan, lan maneh yen nuju adegan ana ing
ngendi miturut papane. Umpamane jejer ing Dwarawati gendhinge iya krawitan, yen
ngastina iya kabor, iku wis ana lungguhe dhewe-dhewe. Jengkar saka ing
pasewakan iya cukup ayak-ayakan wae, yen wis tekan sangarepe gapura, terus
dicengkokake panjangmas, iku wis mungguh, rasane regu, aja nganti gendhinge
diganti gleyong, sebab gleyong iku gendhinge amnp gawe bubaran resepsi, dadi
dudu gendhing wayangan. Yen kedhaton gendhinge titipati utawa darmakeli iku wis
mungguh. Aja nganggo smaradana utawa pangkur kebar, iku gendhing beksan
kiprahan, yaiku beksan gambyong dadi ora munggu yen ditrapake ana ing pakeliran
wayang sarta aja nindhakake gendhing bedhayan kanggo ing pakeliran wayang. Iku
ora salaras karo mungguhing pewayangan, mung prelu arep njogedake limbuk lan
cangik wae, nganti ngilangake rasa regu ora krasa. Gendhing-gendhing kang
kanggo ana ing pewayangan iku wis ana dhewe, wis diciptakake para empu kang
ahli marang gendhing pewayangan. Dadi awake dhewe iki mung cukup kari
nglestarikake bae, aja nganti disalini niganggo gendhing kang anyar-anyar. Iku
ora cocok tumrape ana pewayangan, Sebab iki wayangan dudu klenengan manasuka.
Aja nganti dicampur aduk, mundhak gawe kisruhe marang pangrasa. Dadi bisa ana
pilahe dhewe-dhewe, yen nganti kebacut-bacut, iku jenenge ngrusak marang seni
kabudayan kang adiluhung.
B.
Nulis teks eksposisi
Urutan
carane gawe teks eksposisi yaiku:
1. nentokake undheraning perkara utawa tema,
2.
nentokake ancas utawa tujuan,
3.
ngumpulke dhata saka maneka sumber,
4.
gawe cengkorongan,
5.
ngrembakake cengkorongan dadi teks eksposisi.
Sumber:
Gegaran Nyinau Bahasa Jawa 2 Kelas XI SMA/SMK/MA
Jangan gori jangan lodehh ngerihh dehh kak ,bermanfaat sekilaa
BalasHapusJangan gori jangan lodehh ngerihh dehh kak ,bermanfaat sekilaa
BalasHapusBaguss
BalasHapusMantap
BalasHapusMatursuwun, nambah pengetahuan
BalasHapusBermanfaat ,suwunn
BalasHapusMakasih bermafaat sekali
BalasHapusSiip
BalasHapus👍👍👍
BalasHapusmembantu
BalasHapus