Jumat, 17 Januari 2020

Tontonan Budaya Jawa


TONTONAN BUDAYA JAWA
Tontonan wayang kang padatan sinebut pagelaran, mujudaken kombinasi harmonis saking maneka unsur kesenian. Unsur kasebut ing antarane unsur barang lan manungsa. Kang kalebu unsur barang yaiku ubarampe sarta sarana kang digunakake ing pagelaran wayang kulit (wayang kang kagawe saka kulit lembu, kelir, debog, seperangkat gamelan, keprak, kepyak, kotak wayang, cempala, lan blencong). Dene unsur manungsa yaiku pawongan kang nyengkuyung gumelare seni pagelaran wayang kulit (dalang, penyimping, niyaga, waranggana). Pagelaran seni budaya kang ana ing Jawa ora mung wayang kulit. Ana uga wayang wong, kethoprak, ludruk, jaranan, lan tayub. Senajan jaman saya maju lan pertunjukan seni modern sansaya akeh, ananging pagelaran-pagelaran seni budaya Jawa kasebut isih ngrembaka tumekane saiki.

A. Ngrembug teks eksposisi babagan tontonan
Eksposisi mujudake sawijining teks kang medharake sawijining bab kanggo pamaos supaya pamaos oleh informasi kang ganep sabanjure bisa ngrembakake pangertene sing maca. Bab kang diandharake ing teks eksposisi bisa awujud:
1. Dhata faktual, yaiku sawijining kahanan kang nyata ana, lan bisa dicritakake kanthi cetha
2. Sawijining analisis utawa penafsiran objektif sawijining fakta.
3. Fakta ngenani pawongan kang gondhelan kenceng marang sawijining keyakinan.

Titikane teks eksposisi yaiku:
1. ngandharake panemu utawa gagasan,
2. nuduhake kahanan sanyatane,
3. nggunakake analisis lan sintesis,
4. sumber ide bisa saka pengalaman, sikap, utawa keyakinan.

Strukture teks eksposisi yaiku:
1. tesis (pambuka) isine panemu saka panyerat ngenani prekara kang arep diandharake,
2. argumentasi (isi) andharan dikantheni bukti, alesan, saka panemu kang wis diandharake ing
3. panutup utawa penegasan ulang kang isine nguwatake maneh argumen adhedhasar bukti kang wis diandharake ing perangan argumentasi. perangan tesis,



Wacanen teks eksposisi ngenani tontonan ing ngisor iki kanthi permati!
Patrape Dhalang Nalika Mayang
Mungguh ing bab patrape dhalang yen pinuju mayang sabisa-bisa ngelingana marang kagunan kaendahan kang adiluhung iku mau, Trapsila penyekele wayang kanthi ngati-ati, lan sing bisa ngajeni marang seni panggaraping wayang. Aja banjur grusa- grusu mundhak diarani ngremehake marang seni kabudayan kang dianggep adiluhung iku mau. Dhalang iku kudu bisa ngajeni marang wayang, sebab sandhang pangane dhalang iku anggone dolanan wayang, ditabuhi sewengi muput. Dadi menawa pangaraping wayang sakepenake dhewe iku kurang prayoga. Nganti sok ana dhalang nyabetake wayang nganggo diuncal-uncalake lan ana siang nganti dijengkelitake, ben diarani sabet gagrak anyar.
Tatakramane dhalang ambedhol lan nancebake wayang kudu nganggo tangan tengen. Tangan kiwa mung nglawani wae. Yen tangan kiwa melu nancebake diarani deksura, lan yen tiba wayang gedhe adate sok kurang jero panancebe. Wayange banjur isih liyad-liyud arep ambruk. Yen kejeron iya kurang prayoga, rekasa pambedhole. Mula yen tangan tengen bisa anduga-duga jero lan cetheking panancebing wayang. Manawa ngetokake wayang ana ing pakeliran kudu bisa ngira-ira amba ciyute paseban, aja nganti katon ngebaki papan mundhak ngruweti sesawangan. Sing bisa wijang cetha panatane, siji-sijining rai praupane wayang supaya bisa katon. Dadi para tamu utawa penonton bisa ngarani siji-sijining jenenge wayang.
Sajroning dhalang nindakake mayang iku sabisa-bisane anyambia nata lan nyawisake wayang kang bakal metu candhake. Dene cara panyambine sajroning janturan nyritákake ana sajroning adegan wayang apa wae, iku bisa nyambi cepak-cepak wayang sih bakal dibutuhake minangka dadi slamuran. Lan sinawang ing akeh bisa katon prigel pamayange. Yen numpuk wayang aja malang megung mundhak nugelake gapit. Panyelehe wayang diarah murih rata katon jumereng rapi, Panancebe wayang aja mepet kelir, becik diarah megos sethithik, sing tumemplek ing kelir mung raine wayang tekan tlapak sikil sing ngarep. Dadi yen kasorot ing urubing lampu blencong, bayangane bisa katon obah, yen sinawang kadi mburi kelir katon kaya duwe nyawa, bisa obah-obah.
Manawa ndhodhok kothak aja nganti kekerepen. Yen gawe ater-ater dhodhokan sing cetha, manut padha-padhaning guneme wayang utawa yen nganti wayang sijine perlu nyaut kangan mangsuli pitakon utawa rembug sing diucapake marang sino sakawit mau. Iku minangka dadi singgetane padha. Wose kudu biy ngetrapake marang dhodhokan sing maton. Aja nganti ngganggu marang guneme wayang.
Sajroning tumindak mayang aja nolah-noleh yen ora ana perlu sing wigati, Aja nganti nganggo pacak gumaib lan kuminter, mundhak diewani dening wong akeh. Kepara tumungkul sing menep atine. Aja nganti lendhetan kothak. Kudu lungguh jejeg aja mbungkuk, yen nyuwara mundhak ora bisa landhung napase. Yen nuju ngepyak lungguhe rada megos ngiwa sethithik supaya rota pangepyake.
Manawa ndhapuk gendhing ing pewayangan iku ya, kudu ngelingi marang kawujudaning wayang, wayang dugangan apa alusan, bapangan, apa wayang dhagelan, lan maneh yen nuju adegan ana ing ngendi miturut papane. Umpamane jejer ing Dwarawati gendhinge iya krawitan, yen ngastina iya kabor, iku wis ana lungguhe dhewe-dhewe. Jengkar saka ing pasewakan iya cukup ayak-ayakan wae, yen wis tekan sangarepe gapura, terus dicengkokake panjangmas, iku wis mungguh, rasane regu, aja nganti gendhinge diganti gleyong, sebab gleyong iku gendhinge amnp gawe bubaran resepsi, dadi dudu gendhing wayangan. Yen kedhaton gendhinge titipati utawa darmakeli iku wis mungguh. Aja nganggo smaradana utawa pangkur kebar, iku gendhing beksan kiprahan, yaiku beksan gambyong dadi ora munggu yen ditrapake ana ing pakeliran wayang sarta aja nindhakake gendhing bedhayan kanggo ing pakeliran wayang. Iku ora salaras karo mungguhing pewayangan, mung prelu arep njogedake limbuk lan cangik wae, nganti ngilangake rasa regu ora krasa. Gendhing-gendhing kang kanggo ana ing pewayangan iku wis ana dhewe, wis diciptakake para empu kang ahli marang gendhing pewayangan. Dadi awake dhewe iki mung cukup kari nglestarikake bae, aja nganti disalini niganggo gendhing kang anyar-anyar. Iku ora cocok tumrape ana pewayangan, Sebab iki wayangan dudu klenengan manasuka. Aja nganti dicampur aduk, mundhak gawe kisruhe marang pangrasa. Dadi bisa ana pilahe dhewe-dhewe, yen nganti kebacut-bacut, iku jenenge ngrusak marang seni kabudayan kang adiluhung.

B. Nulis teks eksposisi
Urutan carane gawe teks eksposisi yaiku:
1. nentokake undheraning perkara utawa tema,
2. nentokake ancas utawa tujuan,
3. ngumpulke dhata saka maneka sumber,
4. gawe cengkorongan,
5. ngrembakake cengkorongan dadi teks eksposisi.


Sumber: Gegaran Nyinau Bahasa Jawa 2 Kelas XI SMA/SMK/MA

10 komentar: